assalamualaikum wr. wb.
wonten pangersanipun Bopo xxxxxxx ingkang kawulo hormati lan ingkang dipun mulyaaken Alloh swt. wonten pangersamipun poro bapak soho ibu jamaah sholat subuh ingkang kawulo hormati. monggo kito unjukaken raos puji soho syukur wonten pangersanipun Alloh ingkang sampun paring nikmat akidah islam hidayah soho inayahipun sahinggo wonten enjangpuniko kito waget makempal wonten masjid puniko waget nglampahi kewajiban kito inggih puniko sholat subuh kanti berjamaah. Sholawat soho salam mugi dipun limpahaken dumaeteng junjungan nabi agung Muhammad saw ingkang kito antu-antu syafaatipun fiddini fidduna wal akhiroh. allohumma amiin.
Bapak soho ibu jamaah sholat subuh ingkang kawulo hormati wonten enjang puniko kawulo wonten mriki namung badhe ngajak dumateng kulo piyambak soho dumateng panjenegan sedoyo monggo wonten bulan romadhon ingkang barokah puniko kito sesarengan manfaataken peluang ingkang sampun dipun paringaken gusti Alloh dumateng kito kagem peningkatan kuantitas lan kualitas ibadah kulo lan panjengenan sedoyo , saking segi kuantitas utawi jumlah monggo kito tambah ibadah kito ingkang wajibe sampun kalampahan kito tambah sunah- sunahipun , ingkang sholatipun taseh bolong2 monggo dipun tambal dipun gguapi , amargi sholat puniko tiyang agami kanjeng nabi sampun ngendikaaken wonten ing hadits "asholatu imaduddin " sholat niku tiyang agami kados dene griyo utawi omah nek tiyang utawi jagak griyo wau gotang mangkeh griyone nggeh rapuh bangunan omah puniko saget risak lan ambrol sami ugi nek sholat kito gotang manhkeh bangunan agami kito saget rusak saget ambrol, milo monggo kito bangkit ingkang kokoh, lajeng lan sunnah sedekahipun monggo ditambahi mumpung gusti Alloh sek obral ganjaran wonten wulan niki, sek ibadah sunnah mon diganjar dados ibadah wajib kok nopo maleh sing wajib ganjaranipun matikel tikel taseh ditambah maleh wonten doorprise / hadoah kejutan sangking gusti Alloh arupi lailatul qodar ingkang ganjaranipun luweh sae ketimbang 1000 bulan. cobi kirang pripun nek ngoten meniko gusti Alloh meniko moho murah sanget , dados monggo kito berlomba nindaaken amal kesaenan.
Sak lajengipun mboten namung saking segi jumlah ananging kualitas amal kesaenan injih kito tingkataken kados syiam romadhon meniko ingkang syiamipun nek wingi-wingi niku namung poso padaran mboten ngunjuk lan dahar mawon kito tingkataken poso hawanafsu anggoto tubuh ingkang arupi peningal tutuk, kuping dipun pasani ampun diginaaken kagem perkawis ingkang dipun larang gusti Alloh. lajeng ati kito membersihkanaken saking hubbudunnya utawi cinta dunia amargi hubuddunya utawi cinta dinia meniko sumber saking kerisaan lan penyakit hati kados sabdanioun kanjeng nabi "hubbudunya ro'sun'ala kulli khothiatin" cinta dunia sumber segala kerusakan , ampun salah paham nggeh engkang dihentikan meniko cimta dunya sguas dunyonipun ananging raos demene niku ingkang dihentikan nek dunygua kaleh ikhtiyare mboten dihentikan mboten nopo-nopo , mangkeh hasile kagem biaya operasional ibadah , kagem nafkah diri lan keluargo kagem menegakkan agamanipun Alloh sedoyo diperdembahkan wonten ngerdanipun gusti Alloh. saking hubudduya menikolah timbul kesombongan riya sum'ah, medit, cetil, pokil,iri/meri, dengki, hasud , paten patenan, ngrusak pasederekan,ngrisak pasedoloeran, nglalekke marang Alloh lan akhirat. mulo monggo kito membersihkanaken ati kito saking cimta dunya kito tablek sumber segala kerisakan lan penyajit hati kito , insya Alloh nek saget mekaten fitrah ingkang kito antu antu /dambakan saget dipun raih, ati kito dados ati i engkang membersihkan resik suvxi kados bayi engkang taskair kito dadoa eksklusif yg gres mboten nnungpakaiankito ingkang gres ananging adat kito ugi gres akhlakul karimah kito dados karena pancaranipun rahmat kasih akungipun Alloh kagem sedoyo makhluk.
Mekaten atur kawulo wonten enjang meniko mbok bilih katah kalepatanipun kawulo nyuwun pangapunten ingkah katah, mugi- mugi nopo ingkang sekedik kulo aturaken saget bermanfaa dateng kulo lan panjenengan sedoyo. aamiin, wabillahi taufik walhidayah wassalamalaikum wr. wb.
0 komentar
Posting Komentar